celekit

Ikon

Lombok larang

Sore iki nang Warkop Celekit seng dijogo kang leho.

Ripin: jancok!!!!
Inem: heh Lapo Kon misuh gak ilok
Leho: Kon ngopi gak pin, mesen sek baru misuh …..
Ripin: eh sory sory, esmosi iki…..
Inem: emosi piiiin…. Iku lho ndang Pesen sek…
Ripin: hehehe kopi ho….. Ojo legi legi yo…
Leho: yo…..
Mail: ho kopi …..
Leho: sip il….
Mail: lapo Kon pin misuh misuh…..
Ripin: iki lho rego rego munggah kabeh, bensin munggah, listrik munggah, biaya administrasi STNK lan BPKB munggah…. Opo gak gendeng tha….
Inem: bensin opo seng Munggah pin?
Ripin: Pertamax, Pertalite, Pertamina sex….
Mail: sek sek pin…. Iku lak gak disubsidi tho?
Ripin: Iyo…..
Mail: kon gak tau tumun Pertamax Rp.12.000 tha?
Ripin: lho tau tha?
Mail: taun 2013 -2014 lho Pertamax tau Rp.12.000, gegoro rego minyak dunia anjlok taun 2014 akhir nganti akhir 2016, makane regane Pertamax iso Rp.7.000 an…..
Ripin: dadi lek rego minyak dunia munggah maneh Pertamax opo yo melu?
Inem: Yo ho oh pin…
Ripin: lho iku STNK dan BPKB kok melu munggah?
Inem: lha iku mergo akeh wong tuku motor dan montor, artine akeh wong sugeh utowo mampu, dan seng mbayar kan yo leasing iki tho….
Ripin: mmmmm, lha lek Lombok piye…
Mail: kon seneng pedes tha?
Ripin: hehehe gak sih, tapi Mak ku sering nyambel ge Konco mangan tempe…..
Mail: gak seneng pedes ae ribut pin.,.. pin…….
Ripin: wkkkkkk
Mail: rego lombok mundak iku mergo keadaan cuaca….. Saiki lak musim udan tho….. Lha kui, lombok lek musim udan gak bakalan subur, malah gak iso Urip, mergo kakean banyu, lek dadi pun cuma sitik, mergo iku lah rego lombok larang…
Ripin: hehehe iyo yo
Mail: sek muleh sek…..
Inem: il…… Ono lombok nyelip Nang untu iku lho…..
Mail: jarno ben bangga mari mangan panganan larang nem……
Ripin: wakakakakak JANCUK….. (karo nyawat sandal Nang Mail)

#harga #cabe #lombok #bensin #mahal #larang #jowo #misuh #Jancuk

Filed under: Uncategorized, , , , , , , , ,